Kamis, 12 Maret 2015

pranata cara bahasa jawa



Pranata cara Pengetan Tanggap Warsa SMP N 2 KASIHAN Kaping 36

               Sugeng enjang lan Berkah Dalem.                                                                                                            Panjenenganipun kepala sekolah SMP N 2 Kasihan ingkang minulya. Panjenenganipun ketua komite SMP N 2 Kasihan, saha para bapak/ibu guru lan karyawan SMP N 2 Kasihan ingkang kinurmatan, lan para kanca ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumanggan kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha asih, ingkang sampun paring berkah dhumateng panjenengan lan kula satemah wonten ing wekdal menika panjenengan sedaya, dalasan kula saged ngrawuhi undangan wonten ing tata adicara Tanggap warsa SMP N 2 Kasihan kaping 36 kanthi wilujeng mboten wonten alangan menapa kemawon.

Salajengipun wonten ing kalenggahan menika kula ingkang kapiji supados dherekaken lampahing adicara wonten ing kalenggahan menika keparenga uninga menggah reroncening adicara, wonten ing kelenggahan menika sepindah pambuka. Ongko kalih ipun atur pambagya harja saking ketua panitia ingkang badhe dipun salirani panjenenganipun ketua panitia. Ongko tiga, atur pangandika saking kepala sekolah SMP N 2 Kasihan ingkang badhe dipun salirani panjenenganipun Bapak Suranto M.pd.  Adicara ingkang ongko sekawan inggih menika pangandika saking wakil siswa/siswi SMP N 2 Kasihan. Adicara salajengipun inggih menika sumene kaseling hiburan. Pungkasaning adicara tanggap warsa SMP N 2 Kasihan inggih menika panutup.

Bapak/ibu dalasan para sederek ingkang kinurmatan mbok bilih mekaten reroncening adicara. Sumangga sami kita wiwiti adicara pengetan tanggap warsa SMP N 2 Kasihan kanthi dedonga miturut kapitadosan ipun piyambak-piyambak. Dedonga kula dherekaken “......” Cekap, matur nuwun.

Adicara ingkang ongko kalih inggih menika atur pambagya harja saking ketua panitia, ingkang badhe dipun salirani panjenenganipun bapak Jaya. Wekdal kula aturaken sak cekap ipun. “....”  Kula aturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Jaya.

Adicara ingkang ongko tiga atur pangandika saking kepala sekolah SMP N 2 Kasihan, ingkang badhe dipun salirani panjenenganipun Bapak Suranto M.pd. Wekdal kula aturaken sak cekap ipun. “.....” Kula aturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Suranto M.pd

Adicara ingkang ongko sekawan inggih menika atur pangandika saking wakil siswa/siswi SMP N 2 Kasihan ingkang badhe dipun salirani sederek Nicolaus Nugroho. Wekdal kula aturaken sak cekap ipun. “.....” Maturnuwun dhumateng sederek Nicolaus Nugroho.

Adicara salajengipun inggih menika sumene kaselin hiburan “.....”

Bapak/ibu saha para sederek sedaya ingkang kinurmatan, atur uningan bilih adicara wonten ing kalenggahan menika sampun paripurna. Kula ingkang kapiji ndherekaken lampahing adicara mbok bilih wonten kekirangan saha kalepatan kula nyuwun pangapunten.

Sumangga adicara kita tutup kanthi dedonga miturut kapitadosan ipun piyambak-piyambak. Dedonga kula dherekaken “....” Cekap matur nuwun. Sugeng perpisahan mugi rahayu ingkang tansah sami pinanggih. Sugeng siang, matur nuwun, lan Berkah Dalem.
---*AECA*---

1 komentar:

  1. Free Blackjack - CasinoRatos
    We are 먹튀검증 먹튀프렌즈 the casino and 슬롯 머신 gambling service 브라 밝기 조절 provider at Casino Tournaments. We provide a wide range of 바카라커뮤니티 casino games, including 식스 먹튀 Blackjack, Roulette, Blackjack, Video Poker and

    BalasHapus