Pranata cara Pengetan Tanggap Warsa
SMP N 2 KASIHAN Kaping 36
Sugeng enjang lan Berkah Dalem.
Panjenenganipun kepala
sekolah SMP N 2 Kasihan ingkang minulya. Panjenenganipun ketua komite SMP N 2
Kasihan, saha para bapak/ibu guru lan karyawan SMP N 2 Kasihan ingkang
kinurmatan, lan para kanca ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumanggan kita sami ngaturaken puji syukur
dhumateng Gusti ingkang maha asih, ingkang sampun paring berkah dhumateng
panjenengan lan kula satemah wonten ing wekdal menika panjenengan sedaya,
dalasan kula saged ngrawuhi undangan wonten ing tata adicara Tanggap warsa SMP
N 2 Kasihan kaping 36 kanthi wilujeng mboten wonten alangan menapa kemawon.
Salajengipun wonten ing kalenggahan menika kula ingkang
kapiji supados dherekaken lampahing adicara wonten ing kalenggahan menika
keparenga uninga menggah reroncening adicara, wonten ing kelenggahan menika
sepindah pambuka. Ongko kalih ipun atur pambagya harja saking ketua panitia
ingkang badhe dipun salirani panjenenganipun ketua panitia. Ongko tiga, atur
pangandika saking kepala sekolah SMP N 2 Kasihan ingkang badhe dipun salirani
panjenenganipun Bapak Suranto M.pd. Adicara
ingkang ongko sekawan inggih menika pangandika saking wakil siswa/siswi SMP N 2
Kasihan. Adicara salajengipun inggih menika sumene kaseling hiburan.
Pungkasaning adicara tanggap warsa SMP N 2 Kasihan inggih menika panutup.
Bapak/ibu dalasan para sederek ingkang kinurmatan mbok bilih
mekaten reroncening adicara. Sumangga sami kita wiwiti adicara pengetan tanggap
warsa SMP N 2 Kasihan kanthi dedonga miturut kapitadosan ipun
piyambak-piyambak. Dedonga kula dherekaken “......” Cekap, matur nuwun.
Adicara ingkang ongko kalih inggih menika atur pambagya
harja saking ketua panitia, ingkang badhe dipun salirani panjenenganipun bapak
Jaya. Wekdal kula aturaken sak cekap ipun. “....” Kula aturaken agunging panuwun dhumateng Bapak
Jaya.
Adicara ingkang ongko tiga atur pangandika saking kepala
sekolah SMP N 2 Kasihan, ingkang badhe dipun salirani panjenenganipun Bapak Suranto
M.pd. Wekdal kula aturaken sak cekap ipun. “.....” Kula aturaken agunging panuwun
dhumateng Bapak Suranto M.pd
Adicara ingkang ongko sekawan inggih menika atur pangandika
saking wakil siswa/siswi SMP N 2 Kasihan ingkang badhe dipun salirani sederek
Nicolaus Nugroho. Wekdal kula aturaken sak cekap ipun. “.....” Maturnuwun
dhumateng sederek Nicolaus Nugroho.
Adicara salajengipun inggih menika sumene kaselin hiburan “.....”
Bapak/ibu saha para sederek sedaya ingkang kinurmatan, atur
uningan bilih adicara wonten ing kalenggahan menika sampun paripurna. Kula
ingkang kapiji ndherekaken lampahing adicara mbok bilih wonten kekirangan saha
kalepatan kula nyuwun pangapunten.
Sumangga adicara kita tutup kanthi dedonga miturut
kapitadosan ipun piyambak-piyambak. Dedonga kula dherekaken “....” Cekap matur
nuwun. Sugeng perpisahan mugi rahayu ingkang tansah sami pinanggih. Sugeng
siang, matur nuwun, lan Berkah Dalem.
---*AECA*---
Free Blackjack - CasinoRatos
BalasHapusWe are 먹튀검증 먹튀프렌즈 the casino and 슬롯 머신 gambling service 브라 밝기 조절 provider at Casino Tournaments. We provide a wide range of 바카라커뮤니티 casino games, including 식스 먹튀 Blackjack, Roulette, Blackjack, Video Poker and